Minggu, 13 Desember 2009

= URIP KANG SEDELO oleh Bp. Setyono.

URIP KANG SEDELO

Setyono 24-10-'09

Banteran, Donoharjo

Ngaglik Sleman

Gunakno wektumu sak becik-becikè

Lamun urip ning ndonyo mono mung mampir ngombe

Ngati atio marang opo kang arep tok tindakakè

Supoyo ojo kleru cak-cakanè

Urip kang mung sedelo ojo tok isi kanti bab kang olo

Ananging isinen kanti bab kang tansah miguno

Ojo mung ngoyak bondo donyo

Nganti lali marang sopo sing duwe siro

Jaganen gunemu kanti permadi

Awit aji neng diri iku ono ing lati

Gunemo kang ngati-ngati

Awit gunem iku wibawaning jati

Polahe awakmu ajaken supoyo polah kang nggowo bejo

Awit yen polahè awakmu olo sakkabehe dadi muspro

Urip ojo nganti sia-sia

Awit urip ing ndonyo pancen yo mung sedelo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar