Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun para sedherek ingkang tansah pinaringan rahmat saha hidayah saking Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT. Langkung rumiyin mangga kita tansah angaturaken puja saha puji syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, njih awit rahmat saha hidayah ingkang pun paringaken dhumateng kita sedaya. Amin.
Ingkang sepisan keparenga kawulo matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, mugi-mugi tulisan kawulo ingkang awujud geguritan kanti irah-irahan “Laku Sadurunge Sowan” meniko saged andadosaken panglipur saha kawigatosanipun para sedherek saha dhumateng sedaya kemawon ingkang maos buku menika.
Ingkang angka kalih kawulo minangka pangripta nyuwun pangapunten ingkang seageng-agengipun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sama maos buku menika awit kathah basa ingkang kirang pas utawi kirang tata. Sedaya menika awit saking cubluking pangertosan kawula.
Ingkang angka tiga, mugi-mugi buku menika wonten ginanipun dhumateng panjenengan sedaya ingkang maos. Amin.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
---
URIP KANG SEDELO
Setyono Y.N.T. 24 Oktober 2009
Banteran, Donoharjo
Ngaglik, Sleman
Gunakno wektumu sak becik-becike
Lamun urip ing ndonya mono mung mampir ngombe
Ngati-atio marang opo kang arep tok tindakake
Supoyo ojo kleru cak-cakane
Urip kang mung sedelo ojo tok isi kanti bab kang olo
Ananging isinen kanti bab kang tansah miguno
Ojo mung ngoyak bondo donyo
Nganti lali marang sopo sing duwe siro
Jaganen gunemmu kanti permadi
Awit ajining diri iku ono ing lathi
Gunemo kang ngati-ati
Awit gunem iku wibawaning jati
Polahe awakmu ajaken supoyo polah kang nggowo bejo
Awit yen polahe awakmu olo sak kabehe dadi muspro
Urip ojo nganti sia-sia
Awit urip ing ndonya pancen yo mung sedelo
ANAKKU
Setyono Y.N.T. 01.00 WIB
Banteran, Donoharjo
Ngaglik, Sleman
Rungokno opo kang dadi welingku marang sliramu
Dadyo anak kang miturut marang wong tuwamu
Dadyo wong kang pinter anggonmu ngrukti budhimu
Awit mung sliramu kang dadi gegadanganku
Anggepen wong tuwo iku pinongko guru
Sing kudhu digugu lan ditiru
Nanging welingku marang sliramu
Pilah-pilahen piwulang iku
Awit mung piwulang becik kang kudu ditiru
Ngger anakku
Dongaku kanggo sliramu, mugo-mugo sliramu dadi wong
kang bekti marang wong tuwo lan agamamu
Awit agomo iku pinongko sangumu
Sangu kang ora bakal entek sak lawase jroning uripmu
Awit ing tembe mburi sliramu wus mesti nemu
Menowo durung ing alam iki, nanging wus mesti ing alam sak banjurmu
Alam kang wus den cepakake marang Gustimu
Krono sliramu bekti marang wong tuwo lan agamamu
ULATING MANUNGSO
Setyono Y.N.T. 21.40 WIB
Banteran, Donoharjo
Ngaglik, Sleman
Ulat ukarane cendhak nanging maknane kebak
Mergo ulat pribadining manungso tan gampang tinebak
Mergo ulat belange manungso ugo gampang kawiak
Mergo ulat gegayuhaning manungso biso kecandak
Sing waspodho marang ulatmu, mergo ulat iku pancaraning qolbu
Lamun ulatmu peteng, tan katon menowo atimu ora seneng
Lamun ulatmu padhang, tan katon menowo atimu tenang
Mulo sing podho biso ngrukti ulat murih angkahmu biso kaoyak
Mulo podho trapno ulat padang, kareben cak-cakanmu biso keturutan
Podho duweo ulat kang bening, supoyo pikirmu wening
Ayo podho ngupiyo ulat kang adem, supoyo qolbu iso tentrem
Pacakono badhanmu kanti ulat kang padhang lan sumanak kareben urip kepenak
Ojo mung pinter ngolah ulat sebab yen kakehan bumbu bakal ngerak
Bab yen wus ngerak sakbanjure wus mesti ra kalap
Yen wus ra kalap kabeh uwong ra bakal nyedak
Yen wus ra nyedak, benakno anggonmu pasang ulat
Pasangen lan gunakno ulat kanti tepak
NGILMU
Setyono Y.N.T. 19.30 WIB
Banteran, Donoharjo 21-11-2009
Ngaglik, Sleman
Gayuhen ngilmu sak akeh-akehe
Awit ilmu iku ora ono pedote
Wong kang duwe ngilmu wus mesti ombo wawasane
Iso mikir kang dowo lan ora grusah-grusuh lakune
Ngilmu iku rong werno anane
Ngilmu kang olo lan ngilmu kang apik iku arane
Menowo siro pingin bener tur yo pener, sinau ngilmu kang apik iku dalane
Yoiku dalan kang bakal nggowo kabejan ndonya lan akherat
Eling ojo nganti siro salah anggonmu sinau ngilmu
Awit sejatine yo ngilmu iku lakumu
Ojo nganti keblinger lakumu
Awit wong keblinger mono wus mesti kleru
Sinauo sak lawase supoyo lantip pikire
Gayuhen ngilmu sak duwur-duwure, wus mesti ono gunane
Eling! wong kang piniji ing sak kabehe,
Yoiku wong kang kapilih mergane
Trus, opo mergane?
Yoiku wong kang akeh ngilmune tur jejeg imane.
NGAYOGYAKARTO
Setyono Y.N.T.
Banteran, Donoharjo
Ngaglik, Sleman
Jenengmu wus kawentar ing Nuswantoro
Ora mung kuwi, jenengmu ugo kawentar ono ing monco negoro
Awan lan wengi, menowo disawang katon endah lan wibowo
Sumunare lampu kutho tansoyo nambahi padanging rupo
Gunung Merapi kang duwur soho sawah-sawah kang ombo
Pinongko pemandangan kang agawe sedeping roso
Ngayogyakarto, gondomu arum sumebar tanpo kiniro
Tlatahmu kang ombo kapimpin sawijining Rojo
Ngayogyakarto Rajamu gagah tur ugo pidekso
Rojo tan sedyo angayomi projo
Rojo kang tansah nyawiji ono ing roso, jiwo lan rogo
Yoiku Sri Sultan Hamengkubuwono X
Ngayogyakarto
Ramening Gembiroloko soho Malioboro
Kadyo ngawe-awe kabeh manungso
Sworo sepur kang dowo, kaprungu saben dino
Sworo kemrisiking kali kang ugo dowo nambahi reseping swasono
Tugu kang ngadek jejek ono ing tengah kutho
Lan kali Code kang jero pinongko tondo
Yoiku Ngayogyakarto
Seneng atiku mongkok atiku lahir ing Ngayogyakarto
Mulo wus sak mestine kudu dijogo lan kudu dibelo.
DHALAN PADANG
Setyono Y.N.T. 09.00 WIB
Banteran, Donoharjo 19 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Ora ono sawijining manungso kang duwe kasampurnaning urip ing donya iki
Awit kasampurnaning urip iku mung kagungane Nabi
Yoiku Nabi kang pinaringan wahyu marang Gusti
Tembung ing nduwur iku mau genah wus mesti
Mulo podho percoyo menowo Nabi pinongko utusaning Gusti
Sedoyo lampahing Nabi iku yekti minongko tulodho kabeh
manungso supoyo nyawiji marang dawuhe Gusti kang murbeng dumadi
Nabi Muhammad iku utusaning Gusti kang sejati
Minongko panutaning manungso anggone urip ing alam iki
Nabi Muhammad panutan kang bakal nggowo manungso
Ing surgo kang abadi menowo manungso tinimbalan marang Gusti
Tinggalno urusan kang gawe laraning ati
Tumujuo marang bab kang gawe senenge ati
Manuto tuntunaning Nabi, awit iku dalan kang suci
Yoiku dalan padhang kang ateges manunggaling manungso kalawan Gusti.
PATANG PERKARA
Setyono Y.N.T. 11.30 WIB
Banteran, Donoharjo 20 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Manungso dilahirake lan urip ing ndonyo kanthi drajad kang dhuwur
Awit manungso diwenehi kang arane pikir
Gunakno pikirmu kanthi tepak
Awit pikir iku minongko pangendalining diri (pribadimu)
Ruktinen drajadmu supoyo tetep ono ing ndhuwur
Lamun siro pinter anggone ngrukti drajad ora-orane yen bakal kufur
Bab yen manungso iku kufur ora wurungo wus mesti takabur
Yen wus takabur ngandakake yen atine ajur mumur
Gatekna patang perkoro ing ngisor iki
Supaya drajadmu tetep karukti
Sepisan roso pangroso, duweo roso welas asih
Kaping loro atimu, duweo ati kang resik
Kaping telu pikirmu, gunakno pikirmu kanggo milah-milah
endhi kang bener lan endhi kang luput
Kaping papat urip, gunakno uripmu ono laku kang becik
Lamun patang perkoro iku mau iso mlaku imbang
lan terus bebarengan
Percoyoo kabeh urusan ing ndonyo iki
tan gampang lan kepenak anggone nglakoni.
PATI
Setyono Y.N.T. 08.30 WIB
Banteran, Donoharjo 21 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Yen ono tembung urip, ojo selak wus mesti ugo ono tembung pati
Pati tembung nggegirisi tumraping wong kang ora reti lan ora bekti
Nanging tembung pati sejatine peleng kanggone wong kang ngawulo marang Gusti
Awit tembung pati saktemene tembung kang pantes kanggo mawas diri
Wong yen lali marang Illahi temen wong iku mau mesti wedhi marang pati
Yen ora wedhi ateges wong iku mau wus ora duwe ati,
lan kabeh sarape wus podo mati
Nanging yen tansah eling marang Illahi wong iku mau ora bakal wedhi marang pati
Awit wong yen tansah eling Al Quddusu (Maha Suci),
wong iku mau sadar yen urip bakale mati
Ojo podo sembrono marang pati, awit tekane wong ora ono kang ngerti
Yen wus tekan mangsane ora esok orang sore ora awan ora wengi
wus ora iso disemayani
Yen nyawa wus den kersakake marang Al Qaadiru (Maha Kuasa)
ora ana kang iso mblenjani
Mulo manembaho marang Gusti Allah supoyo pati ora katon medeni
Waspodho marang kang jenenge pati
Bab yen nyowo wus tekan gurung-gurung, tumrape wong kang lali marang
Gusti rasane nyeri lan nggegirisi
Pasrahno jiwo ragamu kalawan Gusti
Awit kang mangkono kuwi mengku teges yen wong mau wus nyawiji
Banjur karo sapa anggone nyawiji?
Yo mestine karo Illahi Robbi.
ANAK POLAH BOPO KEPRADAH
Setyono Y.N.T. 08.30 WIB
Banteran, Donoharjo 22 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Paribasan ing nduwur iku mau akeh maknane
Lan kiro-kiro mengkene jlentrehe ugo kasunyatane
Paribasan iku ngandakake sambung rakete anak marang bopo biyunge
Wus dadi kewajibane wong tuwo paring wewarah marang anake
Pancen bener lan ora mokal dadi wong tuwo mono abot sanggane
Mulo dadi wong tuwo iku kudu tansah ngati-ati marang apa wae kang ditindakake
Awit solah bawane wong tuwo iku sak temene wewarah kanggo kaluwargane
Luwih-luwih kanggo anak-anake
Yen wewarah utowo piwulang iku mau becik lan bener isi ugo ukarane
Mugo-mugo kaluwargane lan anak-anake pener lan bener laku jroning uripe
Nanging percoyoo yen sanggane wong tuwo iku iso enteng saktemene
Menowo wong tuwo iku jejeg lan kandhel imane
Bab yen dadi wong tuwo nanging elek solah bawane
Ora ono tembung mokal yen anake bakal elek kelakuane
Eling! Kolo-kolo piwulang utowo wewarah kang bener wus diwenehake
Nanging kolo-kolo kaluwargo lan anak ono kang ora pener anggone nidakake
Kamongko yen anak polah wus mesti bopo kepradah iku sak temene
Dadi opo kang dadi polah tingkahe anak wong tuwo wus mesti gegowo
utowo kerewe-rewe
Mulo ayo! Kabeh kaluwargo, kalebet bopo, biyung lan anak
Gliyakake anggone dedepe kareben bener laku jroning uripe.
KEKAREPAN
Setyono Y.N.T. 14.50 WIB
Banteran, Donoharjo 24 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Bebasan urip tanpa guno, yen jroning urip iku ora duwe kekarepan
Lamun kekarepan iku biso keturutan, duweo greget kang temen lan mapan
Mulo ojo urip-uripan awit mengkono iku ora bakal nggowo kamulyan
Mangertio yen urip mung urip-uripan sing bakal tinemu mung kacilakan
Mulo bukak atimu, enengno urip supoyo antuk karaharjan
Awit yo karaharjan mengkono iku sak temene kang dadi tujuan
Ojo seneng pasrah marang kahanan, awit mengkono iku godane setan
Ngati-ati marang godane setan, awit yen gawe godo pintere pol-polan
Waspadho marang setan bab yen wus kadung manjing ing atine manungso
anggone gawe godo tansoyo edan-edanan
Ojo kenter ambyuking jaman yen ora ngedan ora keduman
Awit yen siro ngedan ngandakake yen siro edan tenanan
Lan yen wus edan tenanan angel tambane, iso-iso ra ketulungan
Tansah elingo marang Pengeran, awit yektine yo iku dhalan
Yen tansah eling Pangeran bebasan demit ra ndhulit setan ra doyan
Yen eling marang Pangeran, greget wus mesti tuwuh lan sak banjure
duwe kekarepan
Yen eling marang Pangeran kekarepan Insya Allah bakal keturutan
RAJANING MATARAM KANG WUS KUNDUR
ING NGARSANING GUSTI ALLAH
Setyono Y.N.T. 08.00 WIB
Banteran, Donoharjo 28 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Sanadyan wus ora ono ing alam iki
Nanging asmane tetep anggondo wangi
Sanadyan wus kundur ing ngarsaning Illahi
Nanging derma bektine tansah kapuji
Sanadyan wus mawindu windu anggone sowan ing ngayunaning Illahi
Nanging asmane sedoyo rajaning Mataram iki tansah nandes sakjroning ati
Pancen gede lan ora iso diselaki tumrape dewe iki
Kabeh perjuangane minongko ananing keraton Ngayogyakarta iki
Pandongo kawulo mring Gusti Allah kang andarbeni kabeh isining bumi
Mugi sedoyo rajaning Mataram ingkang sampun kundur mring Gusti
Tinebehno saking sedoyo siksa lan amalipun tansah katampi
Katampio pinongko ambo sejati lan kaparingaken ing kaswargan jati
Swargo langgeng, swargo abadi, swargo kagunganing Gusti Allah Illahi Robbi
Amin. Amin Yaa Robbalalamin.
OJO DUMEH
Setyono Y.N.T. 01.15 WIB
Banteran, Donoharjo 29 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Ojo dadi wong kang ngegungake utowo ngendelake ing samubarang
Sebab mengkono iku dadi pepalang anggone golek pangan lan sandang
Urip ing ndonyo mung sepisan ojo digawe nganggo laku nyungsang
Awit yen lakumu nyungsang angel anggone entuk dalan kang gampang
Prasojoo ing samubarang
Kareben laku jroning uripmu ora nunjang palang
Prasojo ing samubarang
Supoyo pikirmu ora kedunsang-dunsang
Sebab yen ora prasojo pikirmu mesti ngambang ing awang-awang
Ojo dumeh!
Iku tembung ngetren kanggone wong kang sakwenang-wenang
Kamongko wong kang sakwenang-wenang
Ateges wong iku mau lali karo dumadining ngagesang
Ojo dumeh! Ojo dumeh! Ojo dumeh!
Elingo marang Hyang, supoyo qolbumu tenang
Supoyo adoh marang setan, kang gawe godo tanpo wilang
Lan kang paling penting sewayah-wayah tinimbalan
Dalane padhang sowane gampang
ATI KANG SUMPEG
Setyono Y.N.T. 10.00 WIB
Banteran, Donoharjo 30 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Ati sumpeg dudu bab kang aneh mungguhing wong urip ing ndonyo
Bab iku kalebu perangan jroning uripe manungso
Yen ati lagi sumpeg ojo digawe ngalamun
Bab ati sumpeg iku dudu tembung kang gawe gumun
Wong kang kakehan ngalamun tundone mesti bingung
Yen bingung nganti kadarung-darung bakale linglung
Mulo ojo ngumbar angen mlaku kang tanpo lurung
Bab yen kedohan mundak malah kesandung
Ati kang sumpeg gampang tambane
Nyebut marang Pangeran kanti ndedonga saben ndinane
Lakoni apa kang dadi dawuhe lan diokehi zikire
Nyuwuno pituduh Insya Allah pandonga bakal dikabulake
Lan ati kang sumpeg mugo adoh karo awake dewe
Tansah eling marang Pangeran, iku tombo ati kang gede paedahe.
ESEMMU
Setyono Y.N.T. 00.10 WIB
Banteran, Donoharjo 30 Desember 2009
Ngaglik, Sleman
Gawe senenge ati marang liyan
Sawijineng tumindak kang becik
Akeh cara murih wong liyo iku biso seneng atine
Ora kudu nganggo tenaga kang mbutuhake bea
Ugo ora kudu meres tenaga
Cukup nganggo cara kang entheng lan tanpa bea
Wong liyo biso seneng atine lan padhang pikire
Lan cara kang murah meriah iku
Kalebu amal kang gede
Lha kok iso?
Lha apa ana?
Banjur apa lan kepiye carane?
Gampang, yaiku nganggo esemmu
Lamun esemmu wong liyo biso seneng atine
Lan padhang pikire
Lan coro iku kalebu amal kang gede
Gampang tur kepenak tho?
Mulo podho tindakno!
DHONGA
Setyono Y.N.T. 12.00 WIB
Banteran, Donoharjo 5 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ora ana wong kang ora duwe gegayuhan
Lamun gegayuhan bisa kasembadan
Kudu mbudidoyo khanti tenanan
Yen wus mbudidoyo tenanan diringana kanti donga
Nyenyuwun marang Gusti Allah khanti tandesing ati
Donga iku sambunge rasa manungsa kalawan Gusti Allah
Mulo yen ndonga kudu nganggo ati soho pikir kang resik
Basane ugo kudu kang alus, supaya tinampa mring Allah
Donga ora kudu dawa ukarane, sing cetho pas tujuanne
Yen wus mbudidaya lan ndedonga Insya Allah
Gegayuhanmu bakal dikabulake lan bakal kasembadan
Ndonga sak akeh-akehe awit donga iku
Panyuwunan langsung antarane manungsa kalawan Gustine
Donga iku penting mungguhing wong urip ing bumi sakdurunge katekan pati
PITUTUR
Setyono Y.N.T. 22.45 WIB
Banteran, Donoharjo 6 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Menowo ana wong sepuh ngendika
Wus sak mestine wong kang isih timur kudu mirengake
Yen ora gelem mirengake ateges ora becik jenenge
Bab apa kang dadi ngendikane wong sepuh iku yektine pitutur
Pitutur iku artine wewarah utawa piwulang
Kang kudu dirungokake lan kudu digatekake
Awit soko pitutur, wong biso mulyo uripe
Ojo seneng ngemingke apa kang dadi pituture wong sepuh
Mundak ora karuan kedadeane
Mergo pitutur wong julik atine biso luntur
Mergo pitutur wong kang keras atine biso ajur
Mulo pada rungokno yen ana pitutur
Sebab yen seneng marang pitutur kabeh biso diatur
Lan urip biso makmur
RUPA
Setyono Y.N.T. 13.00 WIB
Banteran, Donoharjo 6 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Rupa dudu sawijining borek utawa jaminan
Mungguhing laku lan uripe manungso
Akeh wong kang bagus rupane nanging lali marang agama
Uga akeh wong kang ayu rupane nanging lali
karo sing menehi rupa ayu kuwi mau sapa
Tembung ing nduwur iku mau wus katon nyata
Kala-kala malah wong kang ora bagus lan ora ayu
Nanging malah temen anggone bekti marang agama
Dewe'e mau nompo kanti ikhlas apa kang dadi peparinge Gusti Allah
Ugo dewe'e nampa yen kabeh peparinge Gusti Allah
minongko nikmat kang kudu disyukuri
Yo wong kang mangkono iku saktemene wong kang mulyo
Jan-jane sing apik temenan yoiki
Wis rupane bagus, rupane ayu
Nyambut gawe kepenak, akeh duwite
Lan ditambah bekti marang agama
Yo mengkono iku kang dadi pilihane kabeh manungso
Lan sing mesti yo mengkono iku wong kang bejo mulyo
Bejo saiki lan bejo ing tembe mburine
Nanging sak temene kabeh ing samubarang yen disyukuri
Insya Allah samubarang mau tan dadi berkah
Sebab Gusti Allah iku paling seneng marang wong kang seneng syukur.
NGAKU-AKU
Setyono Y.N.T. 13.40 WIB
Banteran, Donoharjo 7 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ojo seneng ngakoni duwee wong liya
Awit mengkono kuwi trekah kang ala
Kejobo trekah kang ala kang mengkono iku bakal ngedohake kanca
Yen wus adoh kanca tundone uga adoh tangga
Tangga iku sedulur kang paling cedak sak wise keluarga
Mulo ora pantes yen karo tangga pada sia-sia
Apa maneh karo tangga kang ora duwe bandha
Yen iso malah tulungono
Ngaku-aku!
Apa maneh ngakoni kikise wong liya
Temen iku dosa kang abot disangga
Pisan maneh ojo seneng ngaku-aku awit iku nista
Ojo seneng ngaku-aku yen ora pada gelem gela
STRESS
Setyono Y.N.T. 17.00 WIB
Banteran, Donoharjo 7 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Yen ati lagi judeg
Lan judeg iku mau nemen
Tur rasane tekan mbun-mbunan
Yoiku kang jenenge stress
Stress pada karo depresi kang isih entheng
Nanging yen depresi iku mau wus abot jenenge edan
Stress isih gampang anggone beres
Nanging yen edan kangelan anggone ketulungan
Ngati-ati marang stress
Yen wus rumangsa ati judeg nemen
Cepet golek banyu, ndang wudhu
Nyuwun pituduhe Gusti Allah
Kanti ndonga kang khusyu'
Insya Allah Gusti Allah ndang paring pituduh
Lan stress bakale waleh
NGEYEL
Setyono Y.N.T. 13.00 WIB
Banteran, Donoharjo 8 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Sejatine ora ngerti
Yen diwenehi ngerti malah mangsuli
Rumangsane wus pinter dewe
Yen dikandani ora digape
Mengkono iku sing arane wong kang ngeyel
Wong kang ngeyel biasane mung gawe jengkel
Rumongso wus bener dewe apa sing dilakoni
Yen salah ora tahu gelem ngakoni
Wong kang ngeyel ing samubarang manut wudhele dewe
Ora tahu gelem manut kancane utawa ora manut pada umume
Bola-bali wong nek ngeyel
Arepa di krenah yo tetep wae angel
Wong nek ngeyelan biasane pethakilan
Yen dikongkon mesti wangsulan
Pingine mung arep dolan
Malah kala-kala ora omahan
OJO NGAKU KERE
Setyono Y.N.T. 22.30 WIB
Banteran, Donoharjo 11 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Prasojo! iku sak benere,
Wujud watak jujur kang kudu den terusake
Lamun duwe ojo ngaku kere
Mundak malah tibo paethe
Opo anane
Iku luwih utomo ketimbang digawe-gawe
Jalaran yen digawe-gawe
Pada karo apus-apus marang awake dewe
Omongo sak benere
Ojo omong mrono mrene
Omong sing jujur wae
Jalaran jujur ngandakake yen apik atine
Yen sugih diokehi ngamale
Jalaran sugih iku dudu duwee dewe
Tulungen kang ora duwe
Supoyo kang ora duwe melu ngrasakke
Yen sugih
Ojo ngaku kere
Jalaran yen kedaden kere
Bakal ciloko mencit tembe mburine
BUDAYA
Setyono Y.N.T. 02.30 WIB
Banteran, Donoharjo 14 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Budaya mujudake ciri khas sawijining negara
Jalaran budaya, negara bisa kawentar sak indenging buwana
Negarane dewe iki nduweni budaya kang maneka warna
Budaya kudu diuri-uri kareben tambah ngrembaka
Mulo padha diipuk-ipuk iku budaya
Supaya aja nganti budaya iku sirna
Aja ngiwakake budaya kang wus ana
Jalaran yen kekiwo biso diakoni negara liya
Bab wus ana budayane dewe iki kang wus diaku negara liyo
Conto yaiku Reog Ponorogo, meh wae dadi duwee wong liyo
Mulo ayo pada dijaga iku budaya
Ojo nganti musno, yen biso sanadyan wus langka nanging tansoyo jaya
Lamun budaya biso ngrembaka
Biso kanggo obyek pariwisata
Minongko devisaning negara
Kang kena kanggo patulodo
WAKIL RAKYAT
Setyono Y.N.T. 11.00 WIB
Banteran, Donoharjo 14 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Agemane, busono kang sarwo perlente
Pancene wus kudu mengkono jalaran dewee
Pinongko wakil saka rakyate
Kang mbiyen milih soho ndadekake
Gedung DPR iku panggone
Jalaran ana kono iku dewee anggone nyambut gawe
Kabeh kang dadi inspirasi rakyate
Dewee kang bakal ngrembuk marang kanca-kancane
Panjalukku dadyo wakil rakyat kang bener netepi janjine
Jalaran janji sak durunge bakal agawe seneng kabeh rakyate
Yen kang dadi wakil iku mau bener anggone nyambut gawe
Insya Allah kabeh wargane ora sengsara ing tundone
KA'BAH MINONGKO KIBLATING MANEMBAH
Setyono Y.N.T. 14.00 WIB
Banteran, Donoharjo 14 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ngomah, mushola uga masjid iku minongko piranti
Jalmo manungsa anggone manembah marang Gusti
Jalaran manungsa iku kudu tansah eling marang kang handarbeni
Lan anggone eling manut marang tuntunaning Nabi
Sholat kang limang wektu iku kudu lan mesti
Ojo nganti nglali jalaran yen nglali cilakane yen wus mati
Ojo sira nggembelo yen mung biso nglerwakake dawuhe Gusti
Awit mengkono iku padha karo mblenjani kewajiban kang kudu dilakoni
Manembaha marang Gusti, kanti ngadep kiblating manembah
Yoiku Ka'bah kang ana ing Mekah
Ka'bah yoiku dalem kagungane Allah kang nduweni titah
Elingo marang titah supaya urip tan antuk berkah
Berkah ing donya lan berkah ing akhirat
TATA KRAMA
Setyono Y.N.T. 09.00 WIB
Banteran, Donoharjo 16 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Kejawi saged pun sebut kota pelajar
Engkang sampun nuwuhaken para pelajar kang winasis saha makantar
Ngayogyakarta ugi saged pun wastani kota budaya
Awit kathah sanget budaya engkang tuwuh ngrembaka wonten ing Jogja
Keroto basa menika ugi kalebet satunggaling budaya
Engkang wajib dipun ajaraken dumateng masyarakat Jogja
Awit menawi nggadahi basa engkang tata
Mratelakaken bilih piyantun puniko nggadahi tata krama
Tata krama meniko sami kaliyan unggah-ungguh
Pramilo kita budayakaken anggadhahi unggah-ungguh
Supados gesang meniko kajen soho lahir batinipun jumbuh
Tata krama meniko penting sanget, mangga sami pun gayuh
Menawi unggah-ungguh utawi tata krama
Dipun trapaken kagem gesang kita saben dintenipun
Raosipun gesang tansoyo sekeco
Njih kawontenan kang kados meniko
Engkang saged andadosaken ati meniko lego
UMUR MANUNGSO
Setyono Y.N.T. 23.15 WIB
Banteran, Donoharjo 18 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Yen dietung cara kadonyan umur manungso iku tansoyo tambah
Nanging yen ing adepe Gusti Allah umur manungso iku petunge tansoyo sudo
Mulo tansaya tua kudu bisa tansaya nyaket marang engkang sinembah
Yen wus mengkono mratelakake menawa dewe iki tansah eling lan waspodo
Umur pancene wus ginaris marang kang kuasa
Mbuh dowo mbuh cendhak mung Allah kang pirsa
Wus sak mestine dewe iki nggunakake umur jroning urip iki
Sak becik-becike sak durunge nyawa den cabut malaikat juru pati
Yen rumongso akeh lupute ndang nyuwun pangapuraNe
Mumpung durung ketutup lawang taubate
Mumpung urip ojo keterusen anggone bungah
Jalaran wong bungah ugo bisa nemoni susah
Yen Gusti Allah nimbali
Umur ora biso den tambahi
Mulo eningno weling iki, NGABEKTI
Murih yen tinimbalan ing tembe ora rugi
IKHLAS
Setyono Y.N.T. 10.00 WIB
Banteran, Donoharjo 18 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ikhlas cendhak tembunge
Nanging maknane ora ana watese
Ikhlas lahir lan batine
Yo mengkono iku genahe
Ikhlas ora kudu den ucapake
Nanging kudu diyakini saka lahir tumuju ing batine
Jalaran yen diucapake kala-kala lahir wus ngeklasake
Nanging batin nggondeli sak kenceng-kencenge
Nduweni watak ikhlas karono Allah
Gampang mungguhing wong kang sumendhe marang Allah
Nanging angel mungguhing kang lali marang Allah
Mulo to mulo! tansah nyawiji marang dawuhe Allah
Supoyo ikhlas tansah sumandhing ing manah
PAMRIH
Setyono Y.N.T. 02.10 WIB
Banteran, Donoharjo 19 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Paring pambiantu marang sak padha-padha
Kanti adedasar ati kang lego lila
Mengkono iku dadi kewajibaning manungsa
Yoiku manungsa kang nduweni rojo koyo
Gunakno rojo koyo ing dalan kang antuk ridho
Mumpung ana tulungono kang lagi ngrekoso
Tulungen kanti ati legowo
Ojo nduweni pamrih apa maneh gedhe rumongso
Pamrih iku watak kang ala
Ojo den tindakno
Mesakno kang lagi sengsara
Ojo nganti anggone ngrekoso kedowo-dowo
Ojo pamrih!
Jalaran yen tetulung nanging gede ing pamrih
Jenenge ora nulung ananging menthung
Ora menehi ananging nekak seko mburi
Pamrih? Ojo nganti!
TOYA SUCI PANYIRNA LELARA
Setyono Y.N.T. 08.05 WIB
Banteran, Donoharjo 21 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Awak sehat, mengkono iku panyuwune kabeh umat
Jalaran awak sehat iku sawijining nikmat
Bayangno yen awak lagi kanggonan lelara
Sirah mumet, pikir kala-kala ngambro-ambro
Yen awak sehat ojo nganti kendat anggone ngeblat
Jalaran ngeblat iman bakale tansoyo kuat
Yen lagi lara ojo nganti kendho apa maneh nglokro
Larane ora mari sak awak dadine loyo
Lamun siro duwe padasan isinen banyu, ojo mung kon mlongo
Gunankno banyu padasan iku kanggo sesuci saben dino
Banjur jejegno sholat, tombo teko lelara lunga
Dadekno banyu padasan iku pinongko tamba
Jalaran banyu padasan iku minongko toyo suci panyirno lelara
SANGU SIRA
Setyono Y.N.T. 13.30 WIB
Banteran, Donoharjo 22 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ngertio yen manungsa kapundhut marang Kang Kuasa
Tan pedhot urusane kabeh kang ana ing ndonya
Kabeh perkara rampung sak nalika
Kajobo telung perkara
Yoiku
Sepisan amale manungsa
Kaping loro ilmu kang manfaat
Kaping telu anak kang sholeh
Lamun manungsa akeh amale
Tekaning pati amal iku mau ora bakal ilang
Lamun manungsa nularake ilmune kang manfaat
Tekaning pati ilmu iku mau isih digunakake marang wong liya
Lamun manungsa duwe anak kang sholeh
Tekaning pati anak iku mau kang ndongaake
Wong tuane kang wus ora ana
Mumpung siro isih urip, telung perkara iku duwenana
Amal, ilmu kang manfaat, anak kang sholeh lan sholehah
Jalarane telung perkara iku minangka sangu siro
Yoiku sangu yen sak wayah tinimbalan Kang Kuasa
AJA SEMBRANA
Setyono Y.N.T. 19.00 WIB
Banteran, Donoharjo 23 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Klebu bab kang abot anggone njaga
Yoiku wong kang dipercaya marang wong liyo
Menowo siro dipercaya, tindakno kanti permono
Ojo nganti anggonmu nindakake tanpa dugo lan kiro
Dipercaya marang liyo duwe makno
Yen siro biso diandelno anggone makaryo
Yen dipercaya aja nganti salah guno
Apa maneh nganti leno
Ojo sembrono yen dipercaya
Jalaran yen sembrono rasakno
Ora diajeni wong liyo
Keporo malah disio-sio
MABUK KAHANAN
Setyono Y.N.T. 10.20 WIB
Banteran, Donoharjo 24 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Esuk ngene, sore ngono
Awan mengkene, mbengi mengkono
Biyen ngana saiki koyo ngene
Yen mbesuk mbuh ora weruh piye kedadeyane
Yo ngono iku sing diarani kahanan
Kala-kala apa kang wus dirancang kanti gamblang
Sing kudune ngene, bisa malik grembyang
Jenenge kahanan sing ngerti tenan yo mung Pangeran
Adepi kahanan kanti tenang
Supaya pikiran ora dadi arang abang
Ojo kebangeten nduweni rasa was sumelang
Mundak malah kalebon setan gerang
Adepi kahanan kanti donga Marang Hyang
Supoyo setan kabur ra wani nyerang
Yen wus manunggal marang dawuhe kang agawe gesang
Awake dewe iki ora bakal mabuk kahanan
URIP IKI
Setyono Y.N.T. 01.00 WIB
Banteran, Donoharjo 25 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Bola-bali wus diwenehi ngerti
Yen sak temene ora suwe urip iki
Nanging seprene kok yo tetep durung ngerti
Banjur kapan le arep ngerti?
Kamongko kang mengkono kuwi
Mung awake dewe kang kudu lan biso ngonceki
Pingin ngerti utawa ora pingin ngerti
Suwe orane urip iki awake dewe kang kudu ditari
Nanging yen wus ngerti menowo ora suwe urip iki
Kudune awake dewe iki wus iso ngowahi
Trus apa kang kudu diowahi jroning urip iki?
Tumindak ala iku kang kudu diowahi
Tumuju ing tumindak becik wiwit saiki
Jalaran tumindak becik biso nentremke ati
Kang mengkene iki mratelakake yen awake dewe wis ngerti
Menowo sak temene ora suwe urip ing ndonya iki
DUIT PANAS
Setyono Y.N.T. 08.00 WIB
Banteran, Donoharjo 27 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Duit biso gawe seneng biso gawe susah
Sopo wae mesti butuh marang kang jenenge duit
Wong yen ora duwe duit mesti atine susah
Normal jenenge wong kang isih ngerti lan butuh marang duit
Waspada marang duit!
Jalaran duit biso gawe manungso khilaf marang kang duwe titah
Mergo duit kekancan lan paseduluran biso renggang
Kala-kala duit dianggep biso ngrampungi kabeh masalah
Urusan kalah duit maju tanpa duwe rasa sumelang
Duwe duit ora tau duwe rasa syukur
Kamongko olehe duit rung mesti bener
Ngono iku wong kang keblinger
Duit panas jare rasane seger
Ngati-ati marang duit!
Duweo rasa syukur yen duwe duit
Kanggo amal ora ketung mung sethithik
Ngono iku berkah mungguhing urip
Yen wus ngono duit panas wegah njimpit
SOPO NANDUR
BAKALE NGUNDUH
Setyono Y.N.T. 14.30 WIB
Banteran, Donoharjo 27 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Bebasan tanduran yen ditandur
Yo wong iku mau kang bakal ngunduh awohe
Ateges, apa wae kang ditindakake manungso
Yo wong kang nindakake mau kang bakal ngunduh hasile
Kabeh mau gumantung awake dewe
Yen tumindak olo
Wus sewajare yen sak wise bakal nemoni kang ala iku mau
Yen tumindak becik
Wus sak mestine yen sak uwise bakal nemoni kebecikan iku mau
Mulane nanduro kebecikan
Jalaran kebecikan sak lawase ora bakal ilang
Yen nandur kebecikan
Awoh kang bakal diundhuh wus mesti kamulyan
Tumindako becik
Jalaran sing becik mesti ketitik
Ojo tumindak kang olo
Jalaran sing olo bakal ketoro
LAKU BECIK SAK DURUNGE TINIMBALAN
GUSTI KANG AGAWE GESANG
Setyono Y.N.T. 13.30 WIB
Banteran, Donoharjo 28 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Mumpung durung tinimbalan kang gawe gesang
Goleko dhalan padhang kang biso gawe tenang
Jalaran yen keliru anggone milih dalan
Getune tenanan ora mung getun-getunan
Trus koyo ngopo dalan kang padhang iku
Dalan kang padhang yoiku Al Qur'an
Kabeh lakune manungso wus kaserat kanti jelas lan gamblang
Mulo bener sak bener-benere yen Al Qur'an
Pinongko Pimpinan
Pinongko Pedoman
Pinongko Tuntunan
Pinongko Dalan Padhang
Kabeh kang kaserat jroning Al Qur'an
Yoiku kang kudu ditindakno manungso kang duwe iman
Minongko panunjuk lakune manungso nglakoni gesang
Yoiku laku becik sak durunge tinimbalan
Gusti Kang Agawe Gesang
JAGAD OMBO
Setyono Y.N.T. 00.00 WIB
Banteran, Donoharjo 29 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ojo takon jagad ombo duwee sopo
Jalaran wus mesti jagad kang ombo iki
Kagungange Gusti Allah Kang Maha Suci
Kudu diakoni yen Gusti Allah Engkang Kagungan Jagad Ombo
Den cinipta jagad ombo
Mring Gusti Allah kanggo manungso
Lan makhluk liyo
Mulo ayo podho dijogo utowo direkso
Ojo ngrusak jagad ombo tanpa dhugo
Jalaran jagad ombo iki
Kang nguripi urip ing donya iki
Jagad ombo kagungane Allah Kang Moho Kuoso
Ayo dijogo
Ojo dirusaki
Ayo direkso
Kanggo urip sak durunge mati
ATI SABAR
Setyono Y.N.T. 10.00 WIB
Banteran, Donoharjo 29 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ora ana masalah kang ora biso dirampungi
Ateges kabeh masalah ing donya iki
Yen diadhepi kanti sabar ing ati
Percoyo Insya Allah biso dirampungi
Yen duwe masalah ojo cekak ati
Jalaran cekak ati biso nuwuhake bab kang mbebayani
Sabar iku minongko kunci pambuko ati
Jalaran yen sabar anggone mikir biso ngati-ati
Masalah ojo dianggep musibah kang medeni
Anggepen masalah iku minongko pacoban jroning urip iki
Mulo pinter-pintero ngadepi pacoban kang kudu dilakoni
Sing sopo wonge sabar mesti tabah anglakoni
Pacoban ora bakal den wenehake umate dening Gusti
Menowo umat iku ora kuat anglakoni
Mulo sabar lan ngati-ati
Kabeh pacoban Insya Allah biso dirampungi
RUKUN AGAWE SANTOSA
Setyono Y.N.T. 14.00 WIB
Banteran, Donoharjo 30 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Sakwise keluarga sadulur paling cerak yoiku tangga
Wus sakmestine yen karo tangga kudu tepa selira
Laku wicaksana iku wujudna
Supaya anggone bebrayan ora nemu rubeda
Rukun marang tangga lan sak padha-padha
Mujudake watak becik minangka patuladha
Anggone urip bebrayan ing alam ndonya
Jalaran rukun agawe santosa
Ojo seneng ribut marang tangga
Yen ora pingin nelangsa
Ojo seneng mungsuhan karo tangga
Apa maneh gawe kuciwa
Sing rukun yen karo tangga
Ojo gawe gela apa maneh gawe atine lara
Yen ora ana keluarga arep karo sapa
Ora wurung ya mung karo tangga iku kang cetha
PINGIN MULYA KUDU MBUDIDAYA
Setyono Y.N.T. 15.45 WIB
Banteran, Donoharjo 30 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ora ana wong pingin mulya
Nanging ora gelem mbudidaya
Yen pingin mulya
Wus sak mestine kudu mbudidaya
Ojo nuruti setan kang tanpa katon rupa
Sing gawene mbujuki utawa gawe pengaruhe manungsa
Pingin sugih kekancan buta
Mengkono iku dosa gede kang abot ing pangapura
Wong kang kekancan buta
Mung mburu seneng ing ndonya
Akherate wus di lalekna
Deweke ora milih surga nanging milih neraka
Sepisan maneh piweling iki rungokna!
Ojo nuruti setan kang senenge gawe godha
Nanging yen pingin mulya kudu mbudidaya
Lan anggone mbudidaya kairing kanti donga
ASMA MUNGGUHING MANUNGSA
Setyono Y.N.T. 08.00 WIB
Banteran, Donoharjo 31 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Katone mung asma
Nanging mungguhing manungsa
Asma nduweni makna
Asma padha karo pusaka
Yen ana bayi lahir saka gua garba
Ibu lan bapa wus mesti paring asma
Jalaran yen tanpa asma, arep diceluk sapa?
Bingung ta? Mula manungsa diparingi asma
Asma iku pusaka
Trus apa tegese asma?
Asma saka tembung asli yen iku manungsa
Tegese asma yoiku asline utawa sakbenere yen manungsa
Ana sing ngripta
Mulo yen paring asma marang putra
Asma kang mengku makna
Supaya dadi manungsa
Kang tansah eling marang Sang Pencipta
Yoiku Gusti Allah Pangeranira
SERIK ATI
Setyono Y.N.T. 11.00 WIB
Banteran, Donoharjo 31 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Yen tanggane duwe
Kelara-lara atine
Ora melu seneng
Anane mung gemremeng
Yen tanggane biso tetuku
Nesu-nesu delo-delo ngelu idu
Yen tanggane biso peparing
Malah njempling-njempling
Yen tanggane eling
Malah bingung utawa nggulung koming
Ora melu eling
Malah ngejak perang tanding
Ngono iku mau pratandha wong kang serik atine
Wong kang serik atine yoiku wong lara atine saka polahe dewe
Serik ati ojo diterusake jalaran ora becik akibate
Yen tanggane duwe, ndongakke
Muga-muga bener anggone ngecakke
BODHO
Setyono Y.N.T. 08.15 WIB
Banteran, Donoharjo 2 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Ojo gelem dadi wong bodho
Jalaran wong bodho biasane plonga-plongo
Dadyo wong kang pinter
Supaya pikire bener lan pener
Yen bodho ojo ngaku pinter
Mengkono iku jenenge kuminter
Lan yen wus pinter ojo minteri liyan
Ketimbang mengkone kadosan
Yen bodho gampang diapusi wong liya
Supaya ora kapusan dadyo wong kang bisa
Yen rumongso bodho goleko ilmu
Supaya pikirane maju ora dungu
Bodho, ojo gelem!
DHINA AKHIR BAKALE TEKA
Setyono Y.N.T. 10.10 WIB
Banteran, Donoharjo 02 Januari 2010
Ngaglik, Sleman
Para kadang tuhu tresna
Padha elinga yen dhina akhir bakale teka
Dhina kang kabeh manungsa dikumpulake
Ing dhina iku bakal dihisab amale manungsa
Dhina iku gunung mabur ing angkasa
Lan bumi goncang tanpa kira
Dhina iku bumi lebur lan sirna
Dhina iku donya wus ora ana
Dhina iku sak ampuh-ampuhe manungsa
Ora bakal duwe daya lan ora bisa apa-apa
Ing dhina iku bakal den tiup terompet sangkakala
Dening Malaikat utusaning Gusti Kang Maha Kuasa
Terompet minongka tanda
Yen dhina iku dhina akhir zaman teka
Kadang tuhu tresno kudu percaya
Yen dhina akhir bakale teka
Mulo urip iki ndang ditata
Kanti nglakoni dawuh Gusti Pangeranira
Supaya yen dhina akhir teka
Dewe iki nemu kabejan akhirat lan antuk surga