Paheman Pametri Budaya Jawa.Ngayogyakarta Hadiningrat. Website : http://www.ajinotonagoro.com - Email:ajinotonagoro@gmail.com - Sekretariat : Bangsal Purworetno Pura Pakualaman Yogyakarta.
Kamis, 31 Desember 2009
Jumat, 18 Desember 2009
= Rapat Rutin Ajinotonagoro , T - Shirt Aji Noto Nagoro
Minggu, 13 Desember 2009
= URIP KANG SEDELO oleh Bp. Setyono.
URIP KANG SEDELO
Setyono 24-10-'09
Banteran, Donoharjo
Ngaglik Sleman
Gunakno wektumu sak becik-becikè
Lamun urip ning ndonyo mono mung mampir ngombe
Ngati atio marang opo kang arep tok tindakakè
Supoyo ojo kleru cak-cakanè
Urip kang mung sedelo ojo tok isi kanti bab kang olo
Ananging isinen kanti bab kang tansah miguno
Ojo mung ngoyak bondo donyo
Nganti lali marang sopo sing duwe siro
Jaganen gunemu kanti permadi
Awit aji neng diri iku ono ing lati
Gunemo kang ngati-ngati
Awit gunem iku wibawaning jati
Polahe awakmu ajaken supoyo polah kang nggowo bejo
Awit yen polahè awakmu olo sakkabehe dadi muspro
Urip ojo nganti sia-sia
Awit urip ing ndonyo pancen yo mung sedelo